Aja Mung Sinawang Saka Mitos Wae
Kanggone kapercayan tradisi Jawa, asma Ratu Kidul karasa wis ora aneh maneh keprungu kuping. Sebab sakliyane kondhang sulistya ing warna, Ratu Kidul kang dipercaya nglenggahi dampar kedhaton Segara Kidul uga kaanggep sekti mandraguna. Malah ana kepara kang ngomong, menawa Ratu Kidul iku kang pinarcaya ngasta wahyu Raja Tanah Jawa.
Nanging kuciwane nganti saiki durung ana bukti kang gumathok, kang nuduhake bab anane Ratu Kidul. Rasa penasaran tumrap kepriye pasuryan, lan agemane Ratu Kidul uga asring kanggo bantahan antarane warga masyarakat. Mula kang saka kuwi banjur kagelar pameran seni rupa, utamane lukisan kanggo nggambarake blegere panguasa segara Kidul kuwi, wengi kapungkur mapan ana ing Bale Soedjatmoko, Sala.
Miturut katrangane Jaka Pekik, sawijining pelukis kang mbabar karya “Sinuwun” jroning pameran kuwi. Sejatine Ratu Kidul kuwi ora ana, alias mitos kang dadi wujud panglamune wong Jawa. Mitos kuwi kagawe dening para panguasa Keraton Mataram Islam, supayane para kawula ora ana kang wani mbalela.
“Kanthi anane mitos Ratu Kidul kang sekti mandraguna, lan nduweni wadya bala lelembut pirang-pirang, ing kana kaangkah para kawula supaya wedi lan manut pakone Ratu,” kandhane Jaka.
Mula Jaka meling supaya masyarakat ing jaman modern iki aja keblithuk karo mitos, lan nggebyah uyah bab Ratu Kidul. Nanging kudhune nyawang anane Ratu Kidul minangka simbol luhuring budaya Jawa. Sebab jroning mitos Ratu Kidul, kasimpen kawruh lan ngelmu tumraping urip.
“Kuwi babaran kawruh segara-gunung, kang isine piweling kepriye awakke dhewe kuwi kudu ngrawat lan njaga katentremane jagad. Semana uga bab kesuburan, lan pelestarian alam kuwi dhewe,” jarene Jaka.
Beda maneh karo penemune Herri Sujarwanta, pelukis liyane kang uga mbabar karya. Dheweke kandha menawa sawektu isih bocah, pancen ora percaya karo anane Ratu Kidul. Ananging kosok walike, saiki Herri ngaku percaya yen tha Ratu Kidul kuwi dudu mitos.
“Ngomong mitos sebab durung nate pinanggih. Aku iki bola-bali ketemu karo Ratu Kidul, lan kuwi nyata,” jarene Herri.
Nanging dheweke uga sarujuk menawa ana penganggep aja nglenikake bab anane Ratu Kidul. Sebab miturut Herri, sejatine Ratu Kidul kuwi kudu disawang kanthi netra budaya, saengga bisa antuk piwulang luhur tumraping urip. “Kuwi yen miturutku sejatine simbol kasucen, welas asih, lan antenge wong Jawa jroning nglakoni urip,” panjelase Herri.
Semana uga miturute Mulyadi, kang uga asring sinebut Ki Gedhe Sala, sawijing pelukis kang uga dadi spiritualis Jawa. Dhewekke njelasake menawa percaya anane Ratu Kidul. Lan bab kuwi ora bisa gur dionceki nganggo rasional pikir, nanging uga kudu dilaras nganggo rasa.
“Carita bab Ratu Kidul kuwi wis ana wiwit jaman Majapahit. Lan kuwi nggambarake kepriye para priyagung tanah Jawa anggone ngajeni lan nresnani sagung dumadi,” pituture Mulyadi.
Sakliyane kuwi dhewekke kandha ing jagad ginelar iki isine hamung keseimbangan, antarane padhang-peteng, bungah-susah, beja-cilaka, lan sak panunggalane. Mula ing kene Ratu Kidul iku kaanggep dening para leluhur Jawa, minangka duta kang nglarasake tumrap keseimbanganing bebrayan urip kuwi dhewe.
“Tuladhane kaya tradisi larungan sesaji ana segara Kidul, kuwi sejatine wujud syukur tumrap keseimbanganing bebrayan urip. Merga menawa wis diganjar kanugrahan, ya wajibe kudhu ngaturake panuwun marang Gusti Kang Akarya Jagad. dadi kabeh kuwi kudu dionceki kanthi wicaksana, lan ora gur waton sulaya wae,” pitungkase Mulyadi.












